Solotrust.com - SuperM kasil debut ing nomer 1 chart Billboard 200 lumantar mini album (EP) debut "SuperM".
Kabar saking Billboard, Senin (14/10/2019), miturut data Nielsen Music, album ingkang dipunrilis saking SM/Capitol Records menika pajeng 168.000 unit album sami kalian saben minggu ingkang pungkasan ing 10 Oktober kapengker.
Saking angka kasebat, 164.000 unit saking panyadening album tradisional, 1.000 unit saking track saha 3.000 unit saking asil streaming, utawi kaping 4,9 yuta panyuwunan streaming kangge sedaya lagu ing album kasebat. Billboard badhe ngunggah chart paling anyar menika ing 15 Oktober 2019.
Rilis ing 4 Oktober 2019, "Jopping" dados title track album, nuli 4 track sanes inggih “I Can’t Stand The Rain", "2 Fast", "Super Car", saha "No Manners". Wonten ugi versi instrumental cacah 2 ing album menika.
Album fisik "SuperM" wonten 8 versi, ingkang 7 versi anggotanipun (Baekhyun, Kai, Taemin, Taeyong, Mark, Lucas & Ten) sarta versi united.
anggota SuperM saking sakathahing boygroup ing SM Entertainment kados ta EXO, NCT 127, SHINee, saha WayV. Saderengipun, sedaya grup kasebat dereng nate mlebet Top 10 Billboard 200. Ranking paling inggil inggih NCT 127 kanthi album "We Are Superhuman" ingkang debut ing nomer 11 wiwitanipun taun menika. (Lin)
(wd)