Solotrust.com - DAY6, grup band saking JYP Entertainment wangsul malih mawi album baru "The Book of Us: Entropy", Selasa (22/10/2019). Menika mujudaken rilisipun sasampunipun EP "The Book of Us: Gravity" Juli kapengker.
Album mawi track utama "Sweet Chaos" menika nyuguhaken maneka genre musik, wiwit retro, bosas nova ngantos reggae.
Seri kaping kalih saking album "The Book of Us" menika babagan proses ewah-ewahan sesambegan kalian tiyang sanes.
"Prosesipun kadang kala nenttemaken ati, ananging ugi kadang kala mrihatinaken," aturipun Young K ing showcase rilis album, kados saking Yonhap News Agency (22/10).
Young K nambahaken bilih lagu cacah nem ingkang sepisanan ing album kasebat ngemot perangan positif, sawetawis sisanipun bab raos kakuning manah. Kajawi "Sweet Chaos", wonyen lagu 10 sanesipun inh album kasebat kados ta "Deep in Love", "Rescue Me" saha "Not Fine".
Kados album-album saderengipun, album menika dipunripta piyambak dening para anggotanipun. "Ancasipun damel musik ingkang saged dipunaosi tiyang sanes. Kula sampun mbudidaya murih saged tansah majeng," aturipun Wonpil. (Lin)
()