Solotrust.com- Sasampunipun kasil nembus Top 100 chart single Official ing Inggris kanthi hit enggal "Chicken Noodle Soup", kalian Becky G, J-Hope kasil mlebet chart Billboard HOT 100.
Saking Billboard (8/10/2019), "Chicken Noodle Soup" debut ing tataran 81 ing chart tanggal 12 Oktober 2019. Lumantar menika J-Hope dados anggota sepisanan BTS ngiras artis solo kaping tiga saking Korea Selatan sasampunipun PSY saha CL ingkang kasil kalebet chart menika.
Miturut data Nielsen Music, lagu kasebat sampun dipunstreaming kaping 9,7 miliar saha sampun dipunundhuh kaping 11.000 ing 28 September ngantos 4 Oktober kapengker.
Lagu ingkang dipunnyanyekaken ing tigang basa, Korea, Spanyol sarta Inggris kasebat ugi debut ing nomer 1 chart World Digital Song Sales. Menika gayuhan kaping kalih dening J-Hope Sasampunipun "Daydream" taun kapengker. (lin/yen)
(wd)