Entertainment

Ambyar! Sobat Shopee, Menika "Sihir" Didi Kempot Ingkang Njalari Campursari Jaya Malih...

Musik & Film

7 Februari 2020 23:03 WIB

Didi Kempot

Ambyar. Tembung menika wekdal samangke nge-hits tumrapipun kalangan milenial. Tembung ambyar dadakan dados kondhang sasampunipun dipunginakaken Didi Kempot saha para fans.

Sinten ingkang boten wanuh Didi Kempot? Sok Sinten lare jaman now, mesthi wanuh priya mawi sebatan Lord of Broken Heart kasebat. Karya-karyanipun saged sejajar musik Barat sarta K-POP ingkang dipungandrungi rumaja, lumantar lagu-lagu nggrantes.



Leres, lumantar pambudidaya tumemen saha suwantenipun Lord Didi, musik campursari samangke jaya malih, sasampunipun sawetawis taun kecalan eksistensi. Musisi legendaris saking Sala Jawa Tengah, ingkang sampun eksis ing jagading musik Tanah Air wiwit jaman 1990-an menika, damel ambyar panggung musik Negari Zamrud Khatulistiwa.

1. Musik Campursari prasaja saha kebak Makna

Nalika miwiti kiprah ing musik, Didi Kempot panci tansah nyanyi genre utawi jinis campursari. Tembang-tembangipun prasaja lan catchy, ananging kebak makna njalari Bapak Patah Hati kasebat gampil dipun tampi sarta dipun remeni masyarakat. Boten namung generasi X ingkang remen lagunipun sang maestro, ananging generasi Y saha Z ugi gandrung tembang-tembang campursarinipun.

Didi Kempot kados-kados suka "racun utawi wisa" tumrap musikipun ngantos lagu-lagunipun saged mangsulaken jayaning campursari. Kacihna, saben nggelar pentas tansah kebak penonton. Ingkang samel cingak, aksi panggung priya ingkang miyos taun 1966 kasebat, dipuntingali generasi milenial. Ingkang nedahaken bilih musik Lord Didi samangke boten namung dipun remeni sutresna musik tradisional, ananging sumrambah generasi milenial ingkang dhasaripun boten familier kalian genre musik campursari.

2. Idola enggal Milenial

"Virus ambyar" wiwit sumrambah generasi milenial ing tengahing 2019 sasampunipun sang musisi viral ing jagading maya. Rikala semanten, Didi Kempot dados trending topic Twitter, peneripun ing 10 Juni 2019. Sasampunipun viral, memper wungu saking tilem, musik campursari nge-hits malih kanthi ikon utawi tetenger Didi Kempot. Mawi ngusung lagu-lagu nggrantes sarta pedhot katresnan, penyanyi tembang Banyu Langit menika dipun wastani Godfather of Broken Heart dening para fans.

Samangke, kalangan milenial, mliginipun para sad boy saha sad girl Sobat Ambyar (fans Didi Kempot) raket sanget kalian tembang-tembang Lord Didi, kados ta Sewu Kutho, Stasiun Balapan, Layang Kangen, Cidro, Pamer Bojo, Kalung Emas, menapa dene Ambyar. Campursari samangke dados salah satunggaling musikipun nggrantes anak muda.

3. Musisi Jenius pedhot katresnan

Didi Kempot kalebet salah satunggaling musisi jenius ingkang kondhang. Boten namung ing Indonesia, Didi Kempot malah kawentar ngantos Suriname. Panci sampun trep menawi dipun wastani Lord of Broken Heart utawi Godfather of Broken Heart, ngemuti tembang-tembangipun tansah nyariyosaken pedhot katresnan. Didi kados-kados sampun ngertos menawi perkawis broken heart jamak kedadosan saha dipun alami masyarakat, mliginipun ingkang nembe nandhang tresna.

Lumantar eksistensi Didi Kempot, samangke campursari mboten dipun anggep minangka musik "ndesa", ananging sampun manjila dados musikipun sedaya kalangan. Ingkang remen, boten winates tiyang Jawi, ananging sampun sumrambah sa Indonesia. Menawi rumiyin kathah ingkang isin nyanyi campursari, samangke malah edgy millennials remen sanget genre menika.

Lelandhesan bab menika, saged dipun wastani Didi Kempot minangka tetenger utawi ikon lintas generasi ingkang tansah nedahaken apresiasi saha gregetipun tumrap maneka warni budaya Indonesia.

4. Kulawarga Shopee

Minangka platform blanja online nomer setunggal ing Indonesia, Shopee ingkang gadhah visi sami kalian sang maestro campursari tembayatan kolaborasi kangge nggrengsengaken kaskayaning seni saha budaya Nusantara lumantar reroncening inisiatif. Didi Kempot ingkang resmi dados anggota kulawarga ageng Shopee Indonesia badhe dados perangan sarta ndherek ngregengaken promo Shopee 2.2 Men Sale 2020.

Pramila Sobat Shopee ampun ngakne dados Sobat Ambyar menawi panjenengan dereng ngregengaken program blanja Shopee 2.2 Men Sale 2020. Kathah promo wiwit tengahing Januari 2020 ngantos wiwitanipun Februari 2020. Mliginipun tumrap para priya, wonten maneka promo, kados ta Super Flash Sale, Super Brand Day, Game Day, Fashion Pria Day, Serba 10 Ribu Day, Cashback Day ngantos Hobi saha Perlengkapan Olahraga Day.

Langsung check out guys! Kapan malih wonten promo kados makaten. Mangga blanja Shopee 2.2 Men Sale 2020!

(redaksi)