SRAGEN, solotrust.com- Tiyang kalih ingkang mujudaken Polisi ing Polres Sragen dipun mutasi. Srah panampi saha sumpah janji jabatan kalampahan ing latar Mapolres Sragen.
Kasatlantas Polres Sragen AKP Dani Permana Putra samangke dipun gantos AKP Sugiyanto, ingkang saderengipun njabat minangka Kapolsek Gringsing, Kabupaten Batang. AKP Dani ingkang rumiyin Kasatlantas Wonogiri mujudaken perwira lulusan Akpol. AKP Dani Permana Putra dados Kapolsek Kartasura, Polres Sukoharjo, lajeng Kasatreskrim AKP Harno digantos AKP Supardi saderengipun njabat minangka Kasatreskrim Polresta Pekalongan. Sawetawis AKP Harno taksih ing Mapolres Sragen minangka Pama Polres.
Kapolres AKBP Yimmy Kurniawan ngajab para perwira enggal Kasatlantas saha Kasatreskrim, murih enggal ngayahi jejibahanipun. “Amargi taksih kathah pakaryan ingkang kedah dipun garap dening para Kasat enggal.” Pangandikanpun.
Sawetawis Kasatreskrim AKP Supardi kaajab enggal mrantasi kasus ingkang dados kawigatosanipun publik. (saf)
(wd)