SRAGEN, solotrust.com- Kasus foto mbeber gendera tauhid ingkang dados tenger lambang ormas Hizbut Tahrir Indonesia (HTI) ing kegiatan ekstra kurikuler SMKN 2 Sragen ingkang viral ing media sosial njalari Dinas Pendidikan dan Kebudayaan (disdikbud) Provinsi Jateng langsung cawe-cawe.
Kepala Dinas Dikbud Provinsi Jateng Jumeri ing selo-selaning launching pedoman penyusunan RKAS SMA/ SMK/ SLBN saha aplikasi sidara girisaka ingkang dipun gelar ing Tawangmangu Karanganyar nelakaken, bilih tim saking Disdikbud provinsi kalian Kepala Cabang Dinas Wilayah VI langsung klarifikasi sarta pembinaan sakathahing sejumlah siswa/guru, sarta kepala sekolah.
Pamiyakipun kasus sarta pembinaan dipun tindakaken kalih dinten, wiwit Rebo 16 Oktober saha Kemis 17 Oktober.
“Kepala sekolah, wakil kepala sekolah, guru pembina sampun dipun timbali ing kantor saperlu dipun suwuni katrangan.” Ngendikanipun.
Pehakipun sampun nyawisaken laporan kagem gubernur, sarta langsung pembinaan. Dinten Jemuah 18 Oktober pembinaan malih kalian Bupati Sragen, Dandim, Kapolres sarta MUI ugi badhe paring pembinaan.
Adehdhasar asil klarifikasi sampun kadamel Berita Acara Pemeriksaan (BAP) saha pehakipun ugi sampun lapor bupati ngnatos gubernur.
Jumeri nelakaken, kedadosan menika dados kaca benggala tumrapipun dinas pendidikan, saha pangangkah mbejangipun Disdikbud badhe tansah nindakaken pembinaan tumrap siswa, guru saha kepala sekolah ing Jawa Tengah, supados kedadosan mbeber gendera tauhid ing sekolahan boten dipun ambali malih. (Joe)
(wd)