Solotrust.com - Korea Tourism Organization (KTO) sampun nindakaken survei tjmtap tiyang 12.663 ingkang ngaken minangka fans K-Pop. Responden menika saking negari 111. Asilipun, dipunbyawarakaken dinten Senin (28/10/2019).
BTS dados grup paling dipunremeni utawi paling favorit dening para fans K-Pop. Responden 36,1 persen milih BTS, lajeng EXO kanthi persentase 10,4, Super Junior 8,2 persen, kalian BIGBANG 5,6 persen.
BTS paling populer ing Eropa inggih 50 persen, nuli ing Jepang 44,5 persen saha Amerika Serikat 43,4 persen.
Kajawi menika, survei ugi mawi asil, bilih tiyang 9 saking 10 ingkang dipunsurvei, gadhah krenteg badhe dolan Korea Selatan ing mbenjangipun. Watawis 89,8 persen saking responden ngandharaken kapingin dolan dhateng negari K-Pop kasebat. Malah ingkang 76,4 persen badhe dhateng korea Selatan taun menika.
Survei ugi ngasilaken data bilih YouTube mujudaken platform paling populer tumrap fans K-Pop. Watawis 37,6 persen fans nelakaken ngertos babagan K-Pop lumantar YouTube, Wondene ingkang 37,5 ngginakaken platform media sosial sanesipun. (Lin/yen)
(wd)