Hard News

Njagi Stamina, Ibu Rumah Tangga Konsumsi Sabu-Sabu

Hukum dan Kriminal

14 Oktober 2019 14:52 WIB

Gambaran.

SUKOHARJO, solotrust.com- Kanthi pawadan njagi stamina, ibu rumah tangga sesinglon ENR ngonsumsi obat terlarang jinis sabu –sabu. Pelaku angsal obat terlarang kasebat saking babahe, ingkang samangke taksih buron.

Tumindakipun wanita sesinglon ENR ibu rumah tangga warga Dukuh Ngronggah, Desa Sanggarahan, Grogol menika babar blas boten patut dipun tiru. Kanthi pawadan njagi stamina, wanita menika ngonsumsi obat terlarang arupi sabu –sabu. Amargi tumindakipun, ENR dipun cepeng Satuan Narkoba (Satnarkoba) Polres Sukoharjo. Pelaku pranyata dereng dangu bebas saking pakunjaran ing kasus sami. Ing sangajengipun Kapolres, pelaku ngaken sekawit namung nyobi, ngantos wusananipun tuman. ENR boten ijen, saha angsal sabu–sabu saking babahe ingkang samangke dados buron Kepolisian. Saking pamikutipun ENR, Polisi lajeng ngrembakaaken kasus ngantos wusananipun mikut pelaku sanes, inggih JR alias Blegur ing Desa Sugihan, Kecamatan Bendosari, Sukoharjo.



Nalika semanten Blegur mbekta sakathahing paket sabu-sabu ingkang sampun dipun pecah dados saperangan wungkus. Kapolres Sukoharjo AKBP Bambang Yugo Pamungkas nelakaken, saking Blegur Polisi ugi ngamanaken sakathahing pil inex.

“Para pelaku dipun jiret pasal 114 ayat 2, subsidari pasal 112 ayat 2 uu ri no 35 tahun 2009 bab narkotika.” Ngendikanipun Kapolres.

Pelaku dipun incim pidana salawasipun gesang utawi pidana kunjara paling sedhela 5 taun sarta paling dangu 20 taun. (nas/yen) 

(wd)