SUKOHARJO, solotrust.com- Tiyang kalih ingkang nyuduk Menkopolhukam Wiranto kakinten kaperbawan paham radikalisme. Kangge ngawekani mratahipun paham radikalisme, Mabes Polri nggrengsengaken kegiatan dialog kanthi ngener kaneman. Ing Sukoharjo, kegiatan dialog dipun pandhegani Haryanto ingkang mujudaken tilas napiter, ingkang kembet bom Polresta Surakarta.
Tilas narapidana teroris Haryanto, pelaku bom Polresta Surakarta dumugi ing dialog bebayanipun paham radikalisme ing Sukoharjo, Kemis (10/10/2019). Ing sela selaning dialog, suka testimoni babagan cengkahipun gesang nalika dipun ukum minangka narapidana teroris.
Kajawi testimoni tilas napiter, ing dialog kasebat ugi dipun andharaken pambudidayanipun pemerintah saha aparat , salebeting nyuwak radikalisme saha terorisme ing Indonesia. Boten namung ing Sukoharjo, Mabes Polri ugi nggandheng Amir Machmud Institute mubeng ing sakathahing kitha ing Indonesia saperlu sosialisasi bebayanipun paham radikalisme.
Dialog mawi tema radikalisme taksih dados bab ingkang baken minangka budidayanipun Mabes Polri ngawekani radikalisme. Kajawi siswa saha mahasiswa, kegiatan menika ugi dipun dhereki guru, dosen sarta sakathahing praktisi, ingkang kabiji dados salah satunggaling klompok ingkang riwin kaperbawan radikalisme. Kasubdit 3 Baintelkam Mabes Polri Kombes Pol Yosep Sriyono nelakaken, pangajab dialog menika saged mbuka wawasan masyarakat babagan bebayanipun radikalisme.
“informasi ingkang dipun andharaken minangka pambudidaya antisipasif, supados mliginipun kaneman saged menggalih murih boten kembet paham radikal.” Ngendikanipun. (nas)
(wd)