KARANGANYAR, solotrust.com- Jajaran Satnarkoba Polres Karanganyar kasil mikut pelaku dol tinuku sata gorilla. Pelaku Taufik mujudaken warga Tasikmadu. Kajawi nyade lintingan sata gorilla, pelaku ugi ngonsumsi barang ingkang kalebet jinis narkotika kasebat.
Ing rilis Mapolres, Kapolres Karanganyar AKBP Catur Gatot Efendi nelakaken bilih pelaku Taufik warga Tasikmadu dipun cepeng 30 September kapengker, ing parkiran ruko Pasar Sibedil, Kecamatan Jaten. Pria 24 taun menika kakinten ngangge saha nyade lintingan sata gorilla.
“Polisi kasil nyita barang bukti bungkusan kalih isi sata gorila 10,41 gram kalian 11,11 gram ingkang dipun tumbas online saking Jakarta, sarta setunggaling ponsel.” Ngendikanipun Kapolres Karanganyar.
Kangge nanggung jawabaken tumindakipun, pelaku Taufik dipun jiret pasal 114 ayat 1 subsider pasal 112 ayat 1 uu 35/2009 bab narkotika.
Sawetawis pelaku taufik ngaken boten ngertos sinten ingkang nyade, amargi kontak namung lumantar media social. Reginipun sak linting 25 ewu rupiah. (joe/yen)
(wd)