Hard News

Densus 88 Gledhah Kamar Indekos Terduga Teroris

Hukum dan Kriminal

17 Oktober 2019 11:32 WIB

Kamar indekos terduga teroris Abdul Karim.


SUKOHARJO, solotrust.com- Tim Densus 88 Antiteror Mabes Polri nggledhah kamar indekos ingkang dipun sewa terduga teroris Abdul Karim, Warga Brebes,  ing RT 001 RW 002, Dusun Serongan, Desa Mayang, Kecamatan Gatak, Sukoharjo, Selasa (15/10/2019). Kajawi kawentar minangka warga ingkang grapyak, Abdul Karim ugi mujudaken bakul inuman ing Gatak, Kartasura.  



Sasampunipun gledhahan, kamar menika sepen, suwung. Kori kamar kos tutupan rapet. Ing njawi kamar wonten grobak ingkang miturut katrangan dipun ginakaken Abdul kangge sadean inuman saking jeram.

Adhedhasar katrangan, Abdul saha kulawarganipun nyewa kamar kos  wiwit kalih wulan kapengker.  Abdul Karim ngekos ing kamar nomer 5, ing kos kosan Serongan Permai.

Miturut katranganipun ingkang gadhah kos Suparmi, Abdul Karim mujudaken bakul inuman saking jeram. Kacriyos Abdul Karim sadean inuman ing saindhenging Gatak saha Kartasura. Padatan Abdul Karim mbucal uwuh wanci enjing, saha tansah sapa aruh kalian ingkang gadhah kos, sarta warga sanesipun ingkang ugi ngekos. (nas/yen)  

(wd)